Minggu, 16 Februari 2014

Lirik Lagu Gagat Enjang

Gagat Enjang
Aksara JAwa / Javanese Script: Gagat énjang
Gagat Enjang Song Lyrics
Vokal : Sri Mantingan



Gagat enjang
Wanci bangun pungun-pungun
Trus ngalamun
Ngungun wruh tibaning embun

Kae suryo
Mungup ing tanceping langit
Mrabawani
Jagat kabeh kaweratan

Ingkang maweh doyo
Uripe sagung dumadi
Suryo condro kartiko
Amengku doyo

Soyo mantep
Ngagungke asmane gusti
Moho asih
Sayekti kang moho suci

Jumat, 14 Februari 2014

Lirik Lagu Mari Kangen

Mari Kangen
Aksara Jawa/ Javanese Script: Mari Kangen
Mari Kangen Song Lyrics
Vokal: Didi Kempot


E jebul kae sing tak anti-anti
Wus tekan kene
Wis rodo suwe
Babar pisan ora krungu kabare

Sajake rodo lalen
Mung tansah dadi impen
Yen pinuju nggeget lati
Eseme kang merak ati
lirikcampursarinan.blogspot.com

E mari kangen mugo mugo tansah teken
Atiku dadi tentrem mulat netro kang tajem
Mari kangen mulat siro
Netro tajem tyas jatmiko

Rabu, 12 Februari 2014

Lirik Lagu Rondo Gunung

Rondo Gunung
Aksara Jawa / Javanese Script: Rondo Gunung
Rondo Gunung Song Lyrics
Cipt: Harsono
Vokal: Cak Dikin & Endah



Pi :
Asem kecut gulo legi
Gulo klopo mas opo gulo batu
Ampun mbacut kulo kandani
Kulo rondo anake telu

Pa :
Pilih ketan opo tape
Podo-podo dik enak rasane
Rabi Piawan abot sanggane
Yen rabi rondo tulus tresnane

Pi :
Kembang mawar mekroke telu yo mas yo
Entuk anyar kowe banjur lali karo aku

Pa :
Semarang kaline gawe yo dik yo
Jo sumelang tresnaku yo mung slirane

Pi :
Abang-abang ora legi yo mas yo
Ngomong sayang ngomong sayang mengko gek ngapusi

Pa :
Suroboyo banyuwangi yo dik yo
Ora liyo sliramu sing tak tresnani

Pi :
Nopo kangmas ora getun
Kulo rondo mas lare saking ndusun

Pa :
Ora gelo ora getun
Nadyan rondo iku kang tak suwun

Lirik Lagu Alas Gundul

Alas Gundul
Aksara Jawa / Javanese Script: Alas Gundul
Alas Gundul Song Lyrics
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot



Bocah angon nangis luwe wetenge
Ngon ingone bingung nggoleki sukete
Alas gundul gundul raono godonge
Uwit gede mung kari tunggake

Kewan kewan nangis nyeluki anake
Ngalor ngidul bingung nggoleki panggone
Alas gundul gundul raono godonge
Kabeh ilang mung kari tilase

Reff :
Banjir banjir bandang (banjir bandang)
Banjir bandang kaline banjir
Pating jlerit kono kene kentong titir
Yen wis ngono opo ora kuatir

Banjir banjir bandang (banjir bandang)
Banjir bandang kaline banjir
Omah-omah ting kemampul podo kintir
Yen wis ngono opo ora kuatir

Alas gundul gundul raono godonge
Uwit gede mung kari tunggake
Alas gundul gundul raono uwite
Kabeh ilang mung kari tilase

Reff :
Kewan kewan nangis nyeluki anake
Ngalor ngidul bingung nggoleki panggone
Alas gundul gundul raono godonge
Kabeh ilang mung kari tilase

Reff :
Banjir banjir bandang (banjir bandang)
Banjir bandang kaline banjir
Pating jlerit kono kene kentong titir
Yen wis ngono opo ora kuatir

Banjir banjir bandang (banjir bandang)
Banjir bandang kaline banjir
Omah-omah ting kemampul podo kintir
Yen wis ngono opo ora kuatir

Lirik Lagu Sengkaling Ninggal Janji

Sengkaling Ninggal Janji
Aksara Jawa / Javanese Script: Sengkaling Ninggal Janji
Sengkaling Ninggal Janji Song Lyrics
Cipt: Cak Dikin
Vokal: Cak Dikin & Endah Laras



Pi :
Ning sengkaling janjimu tak gondeli
Piasetyamu ra pegat tulusing ati
Welas asih nganti tekaning pati
Ning sengkaling janjimu tak gondeli

Pa :
Koyo karang kukuh utuh ing setyo
Tresno welas ra keno den pisahno
Ora pegat nganti pungkasing nyowo
Koyo karang kukuh utuh ing setyo

Pa + Pi :
Ayo ngugemi sumpah lan janjine
Kowe lan aku bareng sak lawase
Jo nganti mengko lamis ing mburine
Sengkaling iki kang dadi saksine

Ayo ngugemi sumpah lan janjine
Kowe lan aku bareng sak lawase
Jo nganti mengko lamis ing mburine
Sengkaling iki kang dadi saksine

Selasa, 11 Februari 2014

Lirik Lagu Gambang Suling

Gambang Suling
Aksara Jawa / Javanese Script: Gambang Suling
Gambang Suling Song Lyrics
Cipt: Ki Narto Sabdo


Gambang suling,
Kumandhang suarane
Thulat thulit kepenak unine
Uuu…uuu…uuu…uuu…unine mung
Nrenyuhake baa…reng
Lan kentrung ke…tipung suling
Sigrak kendhangane

Lirik Lagu Suroboyo

Suroboyo
Aksara Jawa / Javanese Script: Suroboyo
Suroboyo Song Lyrics
Cipt: Benysworo
Vokal: Benysworo


Suroboyo kuthone metropolitan
Duwe sejarah dadi kutho pahlawan
Suroboyo slogane resik lan ijo
Ono karep nggawe rakyat dadi mulyo

Jembatan merah riwayate sejarah
Suromadu perkorone nggawe susah
Surodadu basis pengaman segoro
Rakyat soro mahasiswa nggawe demo

Reff :
Suroboyo reno-reno kahanane
Akeh wong gawe polah benere dewe
Embong macet jare ruwet aturane
Gremet-gremet sing sabar teko enggone

Kakilimo dodolan penguripane
Nggawe rame plaza dadi saingane
Ceritone ono gang dodolan oli
Terkenale disambangi saben wengi

Sumuk sumpek urip neng suroboyo
Mepet numpuk omah koyo omah doro
Ceker-ceker rekosone golek upo
Enak ra penak uripku neng suroboyo

Iki ngono kahanan dadi cerito
Ngrungokno crito sak crit dadi roto
Sopo gelem urip neng suroboyo
Siap mentale mergo ono cerito